Senin, 27 Juni 2016

contoh teks pidato Isra’ Mi’raj bahasa jawa yang semoga saja dapat membantu anda yang sedang mencari contoh teks pidato bahasa jawa tentang Isra’ Mi’raj. Baiklah langsung saja bisa anda baca pidatonya di bawah ini.

Pembukaan Pidato Isra’ Mi’raj :



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kulo hormati.
Puji syukur Alhamdulillah kaulo aturaken dateng gusti Allah SWT. ingkang sampun maringi pinten-pinten anugerah ingkang mboten saged kulo lan panjengean sedoyo itung katahipun, lan ugi sebab ridlo lan irodah ipun Allah, wonten ing saat sa'meniko, kulo lan panjenengan sedoyo sami-sami bermuwajjahah, pinanggih lan kempal sareng-sareng, wonten ing puniko majelis ingkang penuh barokah, mengenang kembali peristiwa ingkang bersejarah ingkang dipun alami dening Kanjeng Nabi Muhammad saw, inggih puniko tepat tanggal 27 Rajab tahun 11 sangking kenabian, utawi sewelas tahun sa' sampunipun Kanjeng Nabi nampi "SK" keangkat dados utusanipun Allah SWT. Inggih puniko naliko Kanjeng Nabi yuswa 51 tahun.

Contoh Teks Pidato Isra' Mi'raj Bahasa Jawa

Isi Pidato Isra’ Mi’raj :



Piyambakipun dipun timbali dening Allah, dipun tindakaken isro mulai saking Masjidil haram (Makkah) ngantos dumugi Masjidil Aqsa (Palestina). Selajeng Kanjeng Nabi mi'raj utawi dipun unggahaken mawi kendaraan ingkang cepetipun kados kilat (buraq), saking Masjidil Aqsa minggah dateng langit sap pitu ngantos dumugi Sidratul Muntaha, perlu nampi perintah saking Allah SWT. kanjeng Nabi soho umatipun dipun wajibaken nindakaken shalat gangsal wekdal.

Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo!
Mangga wontenipun peringatan isra' mi'raj saat meniko kita sambut kanthi giat ningkataken amal ibadah terutami amal ibadah ingkang dados intinipun utawi hasilipun isra' mi'raj inggih meniko ibadah shalat gangsal wekdal, supadosa kito terjaga saking sifat keji lan munkar.
Kejawi saking menika, Kanjeng Nabi ugi dawuh wonten ing salah setunggilipun hadits:

اَلصَّلاَةُ عِمَادُ الدِّيْنِ، فَمَنْ أَقَامَهَا فَقَدْ أَقَامَ الدِّيْنِ، وَمَنْ تَرَكَهَا فَقَدْ هَدَمَ الدِّيْنِ **الحديث

Artosipun:
Solat iku dadi cagake agama, mula sapa wonge ngadegaken shalat berarti deweke ngadegake agama, lan sing sapa wonge ninggal shalat berarti deweke ngrubuhaken agama.

Penutup Pidato Isra’ Mi’raj :



Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo!
Dados mekatenlah pentingipun sholat, wonten Agama Islam, saged dipun umpama'aken minangka dados cagak atawa tiang, keranten sanget pentingipun sampun ngantos kito meniko ngremehaken utawi ngendhe-ngendhe sholat, supados gesang kito meniko selalu diberkahi dening Allah SWT. Amin.

Kintenipun cekap sementen atur kulo kirang langkungipun nyuwun agungipun pangapunten.

وَبِاللّٰهِ التَّوْفِيْقُ وَالْهِدَايَةُ
وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهٗ

Mungkin seperti itulah contoh teks pidato isra’ mi’raj bahasa jawa yang baik, semoga dengan adanya contoh teks pidato ini kita dapat mempelajari poin-poin utama dalam peristiwa isra’ mi’raj itu sendiri. Silahkan like, share dan komentar yah jika pidato ini bagus.
Jangan lupa juga untuk membaca pidato isra' mi'raj bahasa Indonesia nya ya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar