Senin, 27 Juni 2016

Pidato Bahasa Jawa Tentang Sopan Santun - Kemahiran dalam berbahasa daerah sangatlah penting. Jika kita hidup lingkungan Jawa, maka kita pun harus bisa berinteraksi dengan menggunakan Bahasa Jawa. Selain itu, orang Jawa juga dikenal dengan sopan santun yang khas. Sayangnya, penggunaan bahasa jawa serta sopan santu (unggah-umgguh) dikalangan anak muda makin tergeser dengan budaya asing.

Oleh karenanya, disini kita akan belajar berbahasa jawa khusunya Pidato Bahasa Jawa Tentang Sopan Santun (Unggah Ungguh) Terhadap Orang Tua. Berikut contoh pidatonya:
Assalamualaikum Wr. Wb.
Poro Bapak, Ibu lan sedoyo tamu ingkang kaulo hormati.
Puji syukur kita aturaken dening ngarsanipun Gusti kang Maha Asih, saking sedoyo rahmat lan kenikmatan saengga kita ing wekdal menika taksik saged makempal ing mriki kanthi pinaringan karaharjan.

Kulo lan panjenengan sedoyo sampun sami mangerteni lekne jaman sakniki niku pun benten kalian jaman rumiyen. Tuladhane mawon jaman sakniki niku ngalami perubahan ingkang namine globalisasi. Nopo niku globalisasi? Yaiku jaman anggenipun informasi ing manca gampang dipun goleki. Sahengga sakedik-sakedik kabudayan saking manca saget mlebet lan ngaruhi kabudayan kita. Kabudayan sakmenika enten ingkang sae lan ingkang awon. Umpami bab ingkang sae yaiku anggenipun manfaataken wekdal damel aktivitas mboten di sia-siaaken sahengga saget duweni watak engkang mulyo ing perkara wektu. Kabudayan ingkang awon tuladhanipun koyoto tata krama utamane srawung  engkang luwih mentengno piambakan. Sahengga tata krama srawungan ing kabudayan kita sakedik-sakedik luntur. Tuladhanipun yaiku srawung kaliyan wong tua.

Ing kabudayan kita, tata kramanipun srawung iku benten dening wong tua kalian konco. Wong tua prayogane kudu kita ormati amergi piyambakipun luwih sepuh saking kita. Caranipun srawung kaliyan wong tua yaiku sopan, santun, lan migunakaken basa ingkang luwih alus utawi krama. Benten anggenipun tata krama kalian kanca. Nalika kalihan kanca sebaya, kita boten perlu ngagem basa krama lan boten perlu sesopan kados kaliyan wong tua. Bentenipun srawung marang kanca sebaya lan wong tua punika ndadosaken wontene ormat kaliyan uwong ingkang luwih tua. Ananging sakniki srawung marang kanca sebaya lan wong tuo raose mboten enten bedane, kayata srawunganipun bangsa sanes ingkang boten butuhaken tata krama umpami srawungan kaliyan uwong engkang luweh tua. Sakpunika nunjukaken yen kabudayan srawung bangsa kita sampun luntur lan diganti kabudayan bangsa sanes. 
pidato bahasa jawa sopan santun
Kabudayan sae saking manca angsal kita tiru, nanging engkang awon kedae mboten kita tiru. Amargi kabudayan ingkang boten sae malah kita tiru, mila  kabudayan bangsa kita sakedik-sakedik luntur. Mula monggo sesarengan kita lestariaken lan jagani kabudayan bangsa kita seng dados ciri bangsa kita. Supados kita boten kegeser kaliyan budaya manca, mula kita lakoni tata krama srawung engkang sae ing saben dinanipun kita.

Semanten rumiyen saking kula. Napunten lan saestu mawantu sedoyo kalepataning atur. Pramila kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wassalamuaikum wr.wb

Itulah pidato bahasa jawa tentang sopan santunatau unggah ungguh dalam bahasa jawa yang dapat anda jadikan sebagi contoh pidato bahasa jawa yang baik untuk mengingatkan para penerus bangsa untuk selalu menghormati para orang tua, guru dan orang orang yang lebih tua dari dirinya. Semoga bermanfaat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar