Senin, 13 April 2015

Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa Peringatan Hari Kartini

Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa Peringatan Hari Kartini

Naskah Pidato Bahasa Jawa Peringatan Hari Kartini - Sebagai bangsa yang menghormati arti sebuah perjuangan seorang wanita tentu di hari kartini ini kita harus mengenang dan menghormati perjuangan para wanita dahulu sebagai bentuk terima kasih dan rasa syukur kita akan kemerdekaan dan kenikmatan yang sudah ada pada masa sekarang di Indonesia.

Untuk memperingati Hari Kartini ini saya akan memberikan contoh naskah pidato tentang Hari Kartini, semoga dengan adanya contoh naskah pidato Bahasa Jawa ini anda akan lebih mudah dalam membawakan maupun menghafal naskah pidato yang akan disampaikan pada acara peringatan Hari Kartini. Berikut adalah naskah pidatonya.


Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa Peringatan Hari Kartini


Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa Peringatan Hari Kartini


Pembukann Pidato Hari Kartini


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun, para rawuh sedaya, para remaja putri ingkang kawula kurmati. Saderengipun, sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, awit sih nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing siang/dalu menika kita sedaya saged sesarengan makempal ing papan saha wekdal menika kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa.

Salajengipun, kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Hari Kartini ngaturaken agenging panuwun dhumateng panjenengan para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa rawuh undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan sedaya.

Isi Pidato Hari Kartini


Para rawuh sedaya, sampun kita mangertosi bilih Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April 1879 ing Jepara. Pramila ing tanggal 21 April menika kita pangeti minangka dinten lairipun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti perjuanganipun Raden Ajeng Kartini ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita Indonesia ngantos saged sami kaliyan drajating priya.

Rikala gesangipun Raden Ajeng Kartini, para wanita Indonesia tansah wonten ing pingitan. Para wanita mboten dipun keparengaken sekolah. Boten kepareng gadhah padamelan sami kaliyan priya. Nanging samenika, para wanita sampun sami drajatipun kaliyan kaum priya.

Asil perjuanganing Raden Ajeng Kartini pranyata saestu saged kaleksanan, samenika sampun kathah para wanita ingkang lenggah ing jabatan penting dados ketua utawi pemimpin, kados Ibu Megawati Sukarnoputri Presiden Republik Indonesia ingkang kaping gangsal.

Saupami Raden Ajeng Kartini taksih sugeng temtu remen priksa kawontenan kaum wanita ing wanci menika. Hak-hakipun, sami kaliyan para priya. Emansipasi ingkang dipunkersakaken R.A Kartini inggih menika ngagenging haking panggesangan sami antawisipun priya kaliyan wanita, menawi priya saged sinau ing pawitan luhur, wanita inggih dipun parengaken. Wanita mboten naming ing pawon.

Penutup Pidato Hari Kartini


Para rawuh sedaya ingkang kula kurmati, menawi para wanita sampun sami nyambut damel kangge majengaken negari tuwin agami, nanging mboten kesupen wanita gadhah jejibahan anggulawentah putra ing kulawarga lan ugi makarya minangka tandha darma bektinipun dhateng negari.

Pamung menika ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami nyyengkuyung pangetan menika kanthi biyantu arupi menapa kemawon. mugi sedaya wau pikantuk piwales ingkang murwat saking Gusti Ingkang Akarya Jagad.

Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun pangapunten.Nuwun

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.


Akhirnya selesai sudah saya menuliskan contoh naskah pidato Bahasa Jawa peringatan Hari Kartini ini, semoga dengan adanya contoh naskah pidato ini kita dapat memberikan penghargaan kepada wanita-wanita Indonesia terutama wanita-wanita yang berbudi luhur dan menjunjung tinggi nilai-nilai kemanusiaan.

Semoga pidato Hari Kartini ini bermanfaat untuk kita semua, akhir kata saya ucapkan terima kasih dan selamat Hari Kartini wanita Indonesia.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar