Senin, 13 April 2015

Pidato Bahasa Jawa Acara Pernikahan

Pidato Bahasa Jawa Acara Pernikahan

Pidato Bahasa Jawa Acara Pernikahan - Pernikahan merupakan momentum yang sangat berarti dalam kehidupan, maka dalam pelaksanaan dan persiapannya pun harus berkesan dan berjalan lancar. Seperti kebanyakan pernikahan, dalam pernikahan pun ada pidato yang harus disampaikan.

Dalam adat jawa pun demikian, pernikahan haruslah mengikuti adat istiadat kebudayaan jawa yang sudah turun temurun dilangsungkan setiap acara pernikahan. maka tak heran ketika acara pernikahan berlangsung pasti ada salah satu perwakilan yang harus berbicara saat acara tersebut berlangsung.

Pada kesempatan kali ini sahabat akan saya ajak untuk membaca pidato bahasa jawa dalam acara pernikahan, bagi sahabat yang sedang mencari pidato bahasa jawa untuk acara pernikahan bisa langsung membacanya di bawah ini. Selamat membaca..

______________________________________

Pidato Bahasa Jawa Acara Pernikahan :


Assalamualaikum Wr. Wb.

Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati.
Soho poro tamu undangan walimatul urs lan sedoyo pengantar penganten ingkang kulo hormati.

Wonten ing mriki kawulo minongko wakil sangking tiyang sepuh ( wali ) kemanten jaler inggih puniko Bpk. Tasroni sekeluargo, soho minongko wakil sedoyo pengantar kemanten sangking desa Karangdempel, keparengo matur sepindah bilih sowan kulo sak rombongan mulai bidal sangking desa Karangdempel ngantos dumugi dusun Sikancil mriki Alhamdulillah bilih kawontenan kulo sak rombongan wonten ing perjalanan dipun paringi wilujeng boten wonten setunggal alangan punopo.

Kaping kalihipun kawulo matur nuwun sanget dumateng Bapak H. Masron sekeluargo, dene menopo kulo sak rombongan tansah dipun sediyakaken papan pinarakan soho hidangan-hidangan ingkang tansah ngremenaken dumateng manah kawulo, boten sanes mugi-mugi sedoyo meniko tansah ndadosno amal ingkang dipun trami wonten ngarsanipun Allah SWT. Amin..



pidato bahasa jawa pernikahan


Kaping tigonipun, keranten Bpk. ( wali )  meniko wahu boten saget ngeteraken utawi nyowanaken putri kakungipun dateng dalem mriki, keranten inggih taksih wonten kerepotan ingkang boten saget dipun tinggal.

Poro rawuh ingkang kulo hormati.

Tegesipun moso borongo anggenipun ndidik soho ngramut kados pundhi amrih sahene. Keranten Mas ( suami ) inggih ngoten meniko kawontenanipun taksih joko thir dereng nate omah-omah pramilo menawi wonten dalem mriki Mas (suami) katah klenta-klentunipun kulo suwun supados dipun arahaken amrih sahenipun supados anggenipun jejodohan saget tentrem bahagia dunnyo akherat.

Ingkang terakhir, mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno sak cekapipun kawulo sak rombongan mangke ugi nyuwun pamit, mboten sanes ingih nyuwun tamahipun pangestu, mugi-mugi kulo sak rombongan wangsul sangking dalem mriki ngantos dumugi griyonipun piyambak-piyambak tansah dipun paringono aman wilujeng boten wonten setunggal alangan punopo. Amin..

Wassalamualaikum Wr. Wb.


________________________________________

Semoga pidato bahasa jawa acara pernikahan diatas bermanfaat bagi sahabat satu bahasa yang sedang mencari pidato bahasa jawa tentang acara pernikahan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar