Senin, 13 April 2015

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan - Menuntut ilmu memanglah sangat penting bagi hidup kita, tanpa adanya ilmu kita tidak akan pernah mengerti apa-apa yang ada dalam kehidupan kita. 

Pada kesempatan kali ini saya akan mengajak sahabat belajar tentang pidato bahasa jawa tentang pendidikan. Semoga pidato bahasa jawa ini bisa menginspirasi sahabat dan bisa menjadi salah satu contoh pidato bahasa jawa yang baik. Berikut adalah contoh pidatonya:

********************************************

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Poro Bapak lan poro Ibu ingkang kaulo hormati.

    Monggo wonten ing saat sa’meniko kulo lan panjenengan sedoyo samiho muji syukur dating Allah SWT. dene menopo wonten ing saat sa’meniko Allah sampun paring pinten-pinten rohmat, welas asih lan keni’matan dumateng kilo lan panjenengan sedoyo, sehinggo kula lan panjenengan sami saget keroyo-royo, bagi waktu ninggalaken griyo,  ninggal bondo lan rojo koyo, sami makempal wonten majlis puniko, boten ateges prawan golek joko, utawi dudho golek rondho,  tapi leres-leres pados ilmu agomo, ilmu sing keno kanggo sangu dating griyone moro tuwo, soho ilmu sing keno kanggo sanguine madep dating Alloh kang Moho Kuoso.

    Mugo-mugo, mangke wangsul saking pengajian niki samio ngasto ilmu sing manfaah, ilmu sing maslahah, ilmu sing biso mbuahne amal perbuatan tondak-tanduk, solah bowo, toto coro ingkang pikantuk ridlo lan hidayah.


pidato bahasa jawa tentang pendidikan

   
Lan mugo-mugo, sing rejekine rupek diparingono murah, sahinggo uripe tentrem ora kakehan polah, karo tonggo teparone rukun ora tahu congkrah, karo keluargane guyup ora ono sing serakah, yen due putro dipun dadosno putra ingkang sholeh lan solehah, putra ingkang tho’at dumateng tiyang sepah, soho manut miturut dating si embah, yen dikon nunggu umah meneng ora gelem ngedoli gabah, akhire kulo panjenengan gesang kanthi wabillahi taubah, soho pinaringanpungkasan ingkang husnul khotimah, Al-Fatihah…

    Poro Bapak poro Ibu ingkang kaulo hormati!
Junjungan kito Nabi besar Muhammad SAW. sampun dawuh:

طَلَبُ الْعِلْمِ فَرِيْضَةٌ عَلٰى كُلِّ مُسْلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ . الحديث

Ingkang artosipun,
Pados ilmu puniko fardlu tumerap saben-saben tiyang Islam jaler lan estri.

Ugi dawuhipun malih:

طَلَبُ الْعِلْمِ مِنَ الْمَهْدِ إِلَى اللَّحْدِ

Ingkang artosipun,
Pados ilmu puniko awit isih ono bandulan tumeko menyang luwangan utowo mati.

    Poro Bapak poro Ibu sedoyo! Kanthi wontenipun hadits Nabi meniko sampun jelas bilih ingkang wajib pados ilmu meniko sedoyo tiyang Islam mboten pang bulu, mboten pandang waktu, dados senajan to tiyangipun puniko sampun tuwek, elek, ngrowek, untune entek, wis ora tedas peyek, mlakune wis ndeyek-ndeyek, asal durung matek, meniko tetep kuwaiban pados ilmu utawi nga……….ji.
    
    Kejawi saking meniko, kepentingan ilmu meniko diatas segala-galanya. Tegesipun tiyang puniko bade ngayuh nopo kemawon kedah mawi ilmu. Contonipun menawi tiyang puniko kepengen dados dokter kedah gadah ilmune dokter, menawi tiyang puniko kepengen dados pedagang kedah gadah ilmune dagang, menawi tiyang puniko kepengen dados pegawai kedah gadah ilmune, meniko ngantos sa’ terusipun. Bahkan keranten sanget pentingipun ilmu, tiyang ingkang bade ngambah dalanipun ilmu puniko dipun jamin kaliyan Allah, bade dipun gampangaken dalanipun dating swargo. Dawuhipun Kanjeng nabi:
    
مَنْ سَلَكَ طَرِيْقًا يَطْلُبُ فِيْهِ عِلْمًا سَلَكَ اللهُ بِهٖ طَرِيْقً إِلَى الْجَنَّةِ . (رواه مسلم(

Ingkang artosipun,
Sing sapa wonge ngambah dalan tumuju marang golek ilmu, mongko Alloh nggampangangaken dalan marang wong iku nuju marang swargo.

        Poro Bapak poro Ibu ingkang kaulo hormati!
Dados mekatenlah keranten sanget pentingipun ilmu, Alloh paring jaminan dipun gampangaken dalan dating swargo. Nopo maling menawi ingkang gadah ilmu meniko lare joko-joko lan prawan-prawan, ngantos dipun tembungaken:

Kayu nongko digraji-graji
Dienggo lawang karo lemari
Dasar joko kok pinter ngaji
Akeh prawan sing podho antri
   
 Kayu waru digraji-graji
  Kayu nongo dienggo lemari
 Dasar Ayu kok pinter ngaji
  Akeh joko sing arep ngrabi
    
    Poro hadirin mekatenlah ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

********************************************************

Semoga dengan adanya contoh pidato bahasa jawa tentang pendidikan ini, sahabat bisa lebih tekun dalam belajar dan menuntut ilmu. jangan lupa baca juga teks naskah pidato bahasa jawa lainnya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar